contoh pawarta
tugas kelas XI IPA1
Tempat Pembuangan Sampah Akhir,
Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit taun 1996. Papan
ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing sakiwatengening
TPA pranyata boten ndadosaken perkawis menapa-menapa, kepara mujudaken
papan ingkang ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sakdèrèngipun TPA menika
dipunbikak, kawontenaning masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat
mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak, panggesanganing warga
mbaka sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh ing papan menika.
Salah
satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih
sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi
saya ramé. Kejawi menika, warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados
rongsokan uwuh menapa déné ngingah lembu, saéngga panggesanganipun saya
mindhak.
Para
warga ing sakiwatengening TPA sewaunipun boten mangertos menawi uwuh
menika wonten pangaosipun. Sasampunipun kathah tetiyang saking
sajawining rangkah pados rongsok ing papan kasebat, para warga nembé
gumregah tumut pados rongsok lan pranyata panggesanganipun ugi saya saé.By:Alipah Nur Fitriyani :-)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar